top of page

Layanan Jarwan Online Profesional

Javanese

TranslationServices.com nyedhiyakake jarwan profesional ing maneka basa, kanggo maneka topik. Tim ahli kita wis nggarap ewunan jarwan dokumen tumrap para pelanggan ing Jakarta, Tangerang, Semarang, uga saindhenging donya. Menawa panjenengan mbutuhake jarwan menyang utawa saka basa Jawa, Inggris, India, Spanyol, uga Mandarin, kita janji bakal njarwakake proyek panjenengan kanthi standar paling dhuwur.

 

Mangga ngubungi kita kanggo penawarane.

 

Apa wae layanan sing kasedhiya?

 

TranslationServices.com ngasilake jarwan kanthi standar dhuwur tumrap para klien saka latar apa wae, mulai saka wirausaha, panulis, nganti akademisi. Kajaba nyedhiyakake layanan jarwan ing basa Jawa, tim ahli kita semana uga njarwakake luwih saka 100 basa. Kita nyedhiyakake:

 

  • Jarwan akademik. Kita bisa njarwakake maneka rupa topik saka basa Jawa menyang basa Inggris, basa Jawa menyang basa Jerman, basa Jawa menyang basa Jepang, lan gegandhengan basa liyane.

 

  • Jarwan bisnis. Apa panjenengan butuh katalog sing dijarwakake saka basa Jawa menyang basa Inggris utawa basa liyane? Kita nyedhiyakake layanan jarwan bisnis kanggo tuntunan sumber daya manusia, andharan sawijine produk, lan bisnis liyane uga konten pemasaran.

 

  • Jarwan sastra. Siyap nuwuhake pamaca internasional panjenengan? Kita wis njarwakake macem-macem jinis buku, saka novel romantis, nganti naskah fiksi ilmiah, semana uga memoar. Panjarwan sastra kita ora mung saklek njarwakake tembung per tembung ananging disusun kanthi selaras uga tetep njaga swara lan gaya basa panjenengan.

 

  • Jarwan kesehatan. Kita dhewe ora nyedhiyakake jarwan kesehatan, nanging makarya bareng karo perusahaan jarwan kesehatan kang bisa njarwakake cathetan, laporan medis, wawancara pasien uga dokumen kesehatan liyane saka utawa menyang basa Jawa kanthi cepet, trep lan bener.

 

  • Jarwan hukum. Kita makarya bareng perusahaan jarwan hukum sing wis duwe akeh pengalaman lan keahlian kanggo njarwakake layang kesepakatan, affidavit, akta, kabijakan privasi lan dokumen hukum liyane. Mitra jarwan hukum kita tansah nyambut gawe kanthi profesional lan rusiah.

 

  • Jarwan kang disertifikasi. Mangga pilih layanan iki menawa panjenengan mbutuhake transkrip akademik, layang nikah utawa cerai, lan uga dokumen penting liyane kang dijarwakake saka basa Jawa kanggo imigrasi utawa ancas liya sing meh padha.

 

  • Lokalisasi. Arep nggedhekake usaha panjenengan ing pasar manca negara? Kita bisa ngepaske konten panjenengan supaya cocog kanggo negara lan wilayah tartamtu.

 

 

  • Jarwan umum. Apa panjenengan selak butuh dokumen basa Jawa dijarwakake sacepete? Kita njarwakake babagan apa wae kanthi akurat lan uga regane terjangkau, mula mangga ngubungi kita kanggo ngrembug kabutuhan jarwan basa Jawa panjenengan.

 

Sopo ta kita?

 

Panjarwan ing TranslationServices.com yaiku para profesional kang duwe keahlian dhuwur, sing wis kabukten pengalamane uga tansah makarya kanthi setiti lan rinci. Panjarwan basa Jawa kita duwe spesialisasi dhewe-dhewe ing maneka babagan, tegese kita menehi saben garapan marang anggota tim sing cocog. Prasajane, kita nawakake layanan jarwan paling apik kanggo bebrayan ing Jakarta, Tangerang, Semarang, lan ing papan liya.

 

 

Ngapa kerja bareng TranslationServices.com?

 

  • Kita nyedhiyakake jarwan bisnis, akademik, sastra ing macem-macem subyek utawa jinis genre kanthi akurat lan rega sing terjangkau.

 

  • Kita nawakake jarwan sing dijarwakake dening ahline ing basa apa wae, kanggo topik apa wae.

 

  • Beda karo layanan jarwan liyane, kita ora nganggo jarwan mesin; nanging kita ngandhalake saben proyek jarwan marang anggota tim profesional kita.

 

Kita bungah karo standar kualitas kang dhuwur sing digayuh para panjarwan profesional kita, lan kita njamin panjenengan bakal seneng lan puas karo garapane.

 

Mangga ngubungi kita kanggo penawarane.

bottom of page